Jumat, 25 Agustus 2017

Dear: Suporter PSIS Semarang

Hai Suporter PSIS Semarang! Mau kalian Panser Biru, Snex, Holigans, Casual, atau apapun mari instropeksi diri masing-masing atas kejadian ricuh di pertandingan melawan Persis Solo 21 Agustus 2017 yang lalu. Berikut curhatan seorang pendukung setia PSIS Semarang di tribun barat. (in Java Language)

Aku tak takon, tujuanmu mangkat neng stadion kui ? Meh nonton bal opo meh ngisruh? Nek emang niat awale meh ngisruh mbok yao rausah mangkat stadion. Neng omah nonton neng tipi lakyo iso. Opo kowe kowe kui rak mikir nek mergo ulah sak glintir wong sek senenge "mbalang mbalang" kui iso marake PSIS Semarang di sanksi ro komdis PSSI.

Mbuh sopo sek mulai kisruh wingi kui sakjane ra penting, sek penting ki jane yen kui (balang-balangan) iso di mandeg i. Misal, aku di balang keno ndasku "pas PSIS isih main mbuh neng Jatidiri opo nggon liyo" aku rak mungkin mbales mbalang genti mbuh piye keadaane. Soale aku rak pengen malah mremen tekan ngendi ngendi mergo balangan kui. Mending mlipir. Mlipir kui bukane orak wani, tapi ra pengen mergo kui dadi dhowo seng ujung-ujunge ngrugike PSIS e dhewe. Ora kabeh wong wedhi, tapi yo ora kabeh wong wani.

Tribun utara winginane kae akeh wong seng sok kendhel, tapi kendhel e ngawur. Wes sek neng sintelban yo akeh, kui koordinator opo gur huru hara yo embuh. Sek paleng njengkeli pas ngeter ke sek sirae bocor lewat ngisor e tribun barat kok yao sempet sempet provokasi nek kudu "bunuh saja" kui seng mbalangi. Trus ngasu ngasuke sisan. Tribun barat saiki kalem-kalem mas, masiyo dileboni bludusan kenal wong njero.

Mbok uwesto. Kowe dadi suporter kui dong karo visi & misi ne organisasi suporter mu pora? Kowe paham ora yen kowe teko neng stadion kui mergo opo? PSIS Semarang! Nek gur meh nggento kui ojo pas ono sangkut paute karo PSIS Semarang. Seng ono ora kowe di anggep "Wah" tapi malah ketok pekok e!

Ngapunten yen ketok e nyudutke, tapi emg di delok soko tribun barat yo ncen ngono kui.

Wes, intine mbalek neng kesadaran masing-masing. Kowe teko neng stadion kui mergo PSIS Semarang! So, raksah petingsing. Ojo sampek ngrugikne PSIS Semarang yang kita sayangi. Dilukneh 16 besar lho. Musuhe wes ra antar Jateng meneh, nek ndukung tetep seng kalem.

Jayalah PSIS Semarang!